Senin, 01 Februari 2016
Cariyos Pengalaman Pribadi
KLERU TIYANG KANG DERENG KENAL
Wonten ing mriki kula badhe caryosaken babagan
pangalaman ,wonten ing wektu kapungkur kula nduweni pangalaman kang ora bisa
dilalekake. Nalika wektu kuwi kira-kira kadadean ing wektu Agustus .Nalika
wektu kuwi kula pisanan mlebet sekolah lan kula dereng mangerteni kabeh
kanca-kanca ing sekolahan. Wonten ing pangalaman menika kawiwitan kula mlebet
wonten ing kelas anyar ,sabanjure kula lenggah wonten ing kursi tengah saka
barisan ngarep dumugi mburi ,banjur wonten rencang anyar badhe njejeri kula ,kula
banjur lenggah jejer sak meja kaliyan rencang kula kang anyar. Sawise lenggah kula
banjur kenalan kaliyan jejer kula ,jejer kula niku asmanipun Ardy .sawise mangerteni
jenenge kula banjur omong-omongan kaliyan Ardy, ing wektu kuwi kula gadah
angen-angen ,kaya dene kula tau mriksani griyanipun Ardy lan bola-bali ketemu
kaliyan Ardy. Sabanjure kula ngucapaken”Omahmu neng Kembang gedhe ta...?” Ardy
banjur njawab dudu tapi griyanipun adoh amargi Ardy griyanipun saka kulon ,kula
bola-bali njelasaken mbok bilih kula kerep ketemu kaliyan Ardy tapi kula dereng
kenal kaliyan Ardy. Sabanjure Ardy njawab yen griyanipun dudu wonten ing mrika ,opo
maneh Ardy mboten mangerteni daerah menika .Sawise niku
kula kelingan mbok bilih kula salah mriksani tapi mirip kaliyan Ardy. Sawise
niku kula ngakoni yen kula salah mriksani tapi mirip .Kula ngrasakaken Isin
banget bilih kula sampun mboten ngandel panjelasanipun Ardy .Sawise niku kula
nduweni pengetan yen mboten ngertos mboten sah ngeyel panjelasanipun saka tiyang
liyane.
Langganan:
Komentar (Atom)