Assalamu’alaikum Wr.Wb.
kepanggih malih dumateng kula PANUT ARDIYANTO wonten ing adicara siaran
pawarta basa jawi , kangge miwiti pawarta ing siang menika inggih saking tlatah
Sleman ,wonten ing kitha menika Senin, 28 september 2015.
MERTI
DHUSUN NGAGUL-AGULAN
Merti dhusun minangka wujud sokur awit Gusti Ingkang Maha Kuwasa karsa
paring berkah ingkang maluber-luber dhumateng
masyarakat awujud rejeki,keslametan,katentreman,lan sapiturute.kejaba minangka
wujud sokur,merti dhusun uga dadi srana ngurmati para leluhur.
Merti dhusun Ngagul-agulan,Sendangreja,Minggir,Sleman,Yogyakarta,Indonesia
nindakake merti dhusun saben rong tahun pisan kanthi nggelar maneka kegiyatan
ingkang banget migunani tumrap masyarakat.Dhusun ngagul-agulan kadadean saka kampung ingkang cacahipun tiga kampung
yaiku kampung Ngagul-aulan,Tegalsari,lan Tegal Klagaren.Bapak Muji
Bagya,minagka panitiya merti dhusun ngendikakaken”Merti dhusun ditindakake
saben rong taun sapisan sacara giliran.Rong taun kapungkur ditindakake ing
dhusun Ngagul-agulan,dene taun iki diadani ing dhusun Tegal Klagaren,lan rong
taun sesuk ditindakake ing dhusun Tegalsari.
Kegiyatan merti dhusun Ngagul-agulan diadani wiwit setu,18 juli 2015 dumugi
minggu,19 juli 2015 kanthi nggelar kegiyatan syawalan, pagelaran beksan, kerja
bakti ,lan pentas wayang dina setu awan lan minggu bengi.syawalan diadani ing
dina setu, mapan wonten dalemipun bapak Slamet ingkang pidalem wonten ing
dhusun Tegal klagaren.
Merti dhusun ditindakake bebarengan kaliyan mengeti trah
Iromorejan.Pagelaran wayang diadani
kaping kalih ingkang awan ngangkat lakon Laire Gathotkaca kanthi dhalang Ki Parman dene puncak acara
dina minggu ngelar tasyakuran lan pagelaran wayang kanthi lakon Gathotkaca
Madeg Senopati dening dhalang Ki Edi Suwanda, lakon wayang cacah loro mau wonten sambung repate kaliyan gegayuhan
dhusun Ngagul-agulan, yaiku bisa nglairake tokoh-tokoh kaya Gathotkaca ingkang
bisa mabur nganti negara manca satemah bisa njunjung lan mulyakake masyarakate.
Kagiyatan dipandhegani dening Muji Bagya menika ngangkat iarah -irahan
:ngleluri budaya mbuka wiwara
jatining bangsa.Irah irahan mau ngandhut teges , ngleluri lan nuwuhake budaya
bisa mbuka jati dhirine bangsa.Piwelinge supaya dadi wong sing sugih ing budi, martabat lan tanggung jawab ing
maneka bab.
Kegiyatan wayangan
uga dirawuhi para tamu undangan ingkang kedadean saka Bupati sleman , DPRD
,Camat minggir , DPD,kepala dasa sa kecamatan Minggir . Sajrone acara ,Marwata
minangka camat Minggir masrahake wayang
marang Ki Edi Suwanda .Dene panitiya kegiatan merti dhusun migunakake
busana jawa .Wayangan sing kawiwitan jam wolu bengi iki mapan ing dalemipun
Suharna minangka pengurus Paguyuban Sleman Manunggal Sembada.
Kejaba
ngleluri adat istiadat ,merti dhusun uga bias ngundhakake rasa guyup kanthi
nggelar kerja bakti utawa gotong royong bebarengan.Kegiyaan kera bakti warga
Ngagul-agulan awujud ngaspal dalan dhusun ingkang dawane 500 meter. Kegiyatan
kerja bakti mau minagka sawenah cara mbangun tembayatan ingkang becik kanggo
nyengkuyung majune dusun Ngagul-agulan.Kejaba kerja bakti ,warga uga ngendhelake babagan usaha tani kanthi nindhakake
pembangunan jaringan permanen irigasi
kanggo nyengkuyung usaha tani.
Kegiyatan ngaspl dalan iki oleh panyengkuyung
saka pemerintah daerah kabupaten Sleman
awujud sumbangan aspal. Dene para warga padha nglumpukake dana swadaya kanggo
ngragati proyek ngaspal dalan, nganthi ngancik 50 yuta. Dana mau dipigunakake
kanggo blanja maneka uba rampe ngaspal dalan kayata matrial, watu, gesik,
kayukanggo piranti mbakar, lan mbayar konsumsitenaga kerja.Karja bakti
mbangun/ngaspal dalan iku minangka wujud tembayatan antarane warga ing
babagan pembangunan lingkungan kanggo nyengkuyung srana transportasi lan
ekonomi.
Merti
dhusun uga minangka wujud ngraketake silaturahmi, guyup , rukun, gotong royong,
tepa slira warga, masyarakat.Marang maju lan ngrembakane dhusun, ngendikane
Agus Suteja S.Sos minagka wakil ketua panitiya merti dhusun ngandarake menawa
warga Ngagul-agulan prelu nyipta maneka inovasi kesenian local kanthi
adhedhasar kearifan daerah satemah bias ngundhakake ekonomi padesan lan ekonomi
kreatif.Ancase masyarakat duwe rasa andharbeni budaya dhaerahe.
Cekap semanten atur kula, kula PANUT ARDIYANTO lan rencang-rencang
nyuwun pangapunten menawi anggenipun nyaosaken pawarta wonten kalepatan nyuwun
pangapunten lan matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

