Selasa, 17 November 2015

MERTI DHUSUN NGAGUL-AGULAN


Assalamu’alaikum Wr.Wb.  kepanggih malih dumateng kula PANUT ARDIYANTO wonten ing adicara siaran pawarta basa jawi , kangge miwiti pawarta ing siang menika inggih saking tlatah Sleman ,wonten ing kitha menika Senin, 28 september 2015.

MERTI DHUSUN NGAGUL-AGULAN
      Merti dhusun minangka wujud sokur awit Gusti Ingkang Maha Kuwasa karsa paring berkah ingkang  maluber-luber dhumateng masyarakat awujud rejeki,keslametan,katentreman,lan sapiturute.kejaba minangka wujud sokur,merti dhusun uga dadi srana ngurmati para leluhur.
     Merti dhusun Ngagul-agulan,Sendangreja,Minggir,Sleman,Yogyakarta,Indonesia nindakake merti dhusun saben rong tahun pisan kanthi nggelar maneka kegiyatan ingkang banget migunani tumrap masyarakat.Dhusun ngagul-agulan kadadean  saka kampung ingkang cacahipun tiga kampung yaiku kampung Ngagul-aulan,Tegalsari,lan Tegal Klagaren.Bapak Muji Bagya,minagka panitiya merti dhusun ngendikakaken”Merti dhusun ditindakake saben rong taun sapisan sacara giliran.Rong taun kapungkur ditindakake ing dhusun Ngagul-agulan,dene taun iki diadani ing dhusun Tegal Klagaren,lan rong taun sesuk ditindakake ing dhusun Tegalsari.
     Kegiyatan merti dhusun Ngagul-agulan diadani wiwit setu,18 juli 2015 dumugi minggu,19 juli 2015 kanthi nggelar kegiyatan syawalan, pagelaran beksan, kerja bakti ,lan pentas wayang dina setu awan lan minggu bengi.syawalan diadani ing dina setu, mapan wonten dalemipun bapak Slamet ingkang pidalem wonten ing dhusun Tegal klagaren.


      Merti dhusun ditindakake bebarengan kaliyan mengeti trah Iromorejan.Pagelaran wayang  diadani kaping kalih ingkang awan ngangkat lakon Laire Gathotkaca  kanthi dhalang Ki Parman dene puncak acara dina minggu ngelar tasyakuran lan pagelaran wayang kanthi lakon Gathotkaca Madeg Senopati dening dhalang Ki Edi Suwanda, lakon wayang cacah loro mau  wonten sambung repate kaliyan gegayuhan dhusun Ngagul-agulan, yaiku bisa nglairake tokoh-tokoh kaya Gathotkaca ingkang bisa mabur nganti negara manca satemah bisa njunjung lan mulyakake masyarakate.

   Kagiyatan dipandhegani dening Muji Bagya menika ngangkat iarah -irahan  :ngleluri  budaya mbuka wiwara jatining bangsa.Irah irahan mau ngandhut teges , ngleluri lan nuwuhake budaya bisa mbuka jati dhirine bangsa.Piwelinge supaya dadi wong sing sugih  ing budi, martabat lan tanggung jawab ing maneka bab.
    Kegiyatan wayangan uga dirawuhi para tamu undangan ingkang kedadean saka Bupati sleman , DPRD ,Camat minggir , DPD,kepala dasa sa kecamatan Minggir . Sajrone acara ,Marwata minangka camat Minggir masrahake wayang  marang Ki Edi Suwanda .Dene panitiya kegiatan merti dhusun migunakake busana jawa .Wayangan sing kawiwitan jam wolu bengi iki mapan ing dalemipun Suharna minangka pengurus Paguyuban Sleman Manunggal Sembada.


      Kejaba ngleluri adat istiadat ,merti dhusun uga bias ngundhakake rasa guyup kanthi nggelar kerja bakti utawa gotong royong bebarengan.Kegiyaan kera bakti warga Ngagul-agulan awujud ngaspal dalan dhusun ingkang dawane 500 meter. Kegiyatan kerja bakti mau minagka sawenah cara mbangun tembayatan ingkang becik kanggo nyengkuyung majune dusun Ngagul-agulan.Kejaba kerja bakti ,warga  uga ngendhelake  babagan usaha tani kanthi nindhakake pembangunan  jaringan permanen irigasi kanggo nyengkuyung usaha tani.
     Kegiyatan ngaspl dalan iki oleh panyengkuyung saka pemerintah  daerah kabupaten Sleman awujud sumbangan aspal. Dene para warga padha nglumpukake dana swadaya kanggo ngragati proyek ngaspal dalan, nganthi ngancik 50 yuta. Dana mau dipigunakake kanggo blanja maneka uba rampe ngaspal dalan kayata matrial, watu, gesik, kayukanggo piranti mbakar, lan mbayar konsumsitenaga kerja.Karja bakti  mbangun/ngaspal dalan iku minangka wujud tembayatan antarane warga ing babagan pembangunan lingkungan kanggo nyengkuyung srana transportasi lan ekonomi.
      Merti dhusun uga minangka wujud ngraketake silaturahmi, guyup , rukun, gotong royong, tepa slira warga, masyarakat.Marang maju lan ngrembakane dhusun, ngendikane Agus Suteja S.Sos minagka wakil ketua panitiya merti dhusun ngandarake menawa warga Ngagul-agulan prelu nyipta maneka inovasi kesenian local kanthi adhedhasar kearifan daerah satemah bias ngundhakake ekonomi padesan lan ekonomi kreatif.Ancase masyarakat duwe rasa andharbeni budaya dhaerahe.

Cekap semanten atur kula, kula PANUT ARDIYANTO lan rencang-rencang nyuwun pangapunten menawi anggenipun nyaosaken pawarta wonten kalepatan nyuwun pangapunten lan matur nuwun.                    
Wassalamualaikum Wr.Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar