Jumat, 20 Mei 2016

geguritan





 Ngarit
Dening:Panut Dika Dwi Rizki


Swara jangkrik gumanti hayam
Langit peteng dadi jingga
Pratandha pratani kudu makarya
Semrawute suara emprit
Mabur ngalor-ngidul nucuk pari
           Ing mangsa udan wis teka
           Lemah-lemah padha teles
           Suket ing sawah padha njrumbul
           Kabeh lemah katutup suket kang lemu
           Srengenge wis njedhul saka sisih wetan
Para tani padha nyiapake alat kanggo ngarit
Arit-arit diasah kanthi landhep
Bagor-bagor disiapake tanpa lali
Srengenge nyloroti suket ing sawah
Suket-suket dadi ora jenes
Para tani pada ngarit ing sawah
Milih suket kang lemu lan ijo







Selasa, 17 Mei 2016

SESORAH


SESORAH PERPISAHAN KELAS 12

Assalamualaikum Wr. Wb.

    Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, Bapak/Ibu wali murid inkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.Saderengipun kula PANUT ARDIYANTO ingkang sampun kumowani munggel pangandikan ing acara perpisahan lan palepasan siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
    Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya perpisahan lan palepasan para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan. 
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
    Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu ngaturaken lan mangsulaken para siswa ingkang sampun katitipaken kangge sinau ing SMK N 1 Bantul.Mugi-mugi para siswa ingkang sampun mekdal saha lulus saking SMK N 1 Bantul bisa nerosaken ing sekolah/pawiyatan ingkang sak nduwure utawi langsung nyambut damel mugi-mugi saget sae lan ati kang seneng cita-citanipun kalampahan. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan  mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula PANUT ARDIYANTO tansah nyuwun samodra pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

GEGURITAN


GOTONG ROYONG NGANGKAT DESA
Dening :Panut Ardiyanto


Para warga gotong royong ngangkat desa
Aja pijar lungguh jegang sangga banda
Nyawang kadang kang sengkut tumandang
Usung dluwang dadi mandor
Tudang-tuding ,mondhar-mandhir
            Ayo disengkud tumandang
            Raga obah desa munggah
            Dhik atak giyak-giyak nyekel seblak
            Iki adul gombal-gambul ngangkat pacul
            Ya anggit jingkat-jingkit maprasake arit
            Aja pating slebar nyenyepet netra
            Nandang gawe kinanthen ikhlasing nala
            Tanpa uwuh lan plastik pating slebar
            Ora gumun nalika desa dadi makmur
Kanthi guyup rukun ngangkat desa
Aja mikir babagan papan
Dadekna kagiyatan rutin ana desa
Irat-irit ,enom tua kabeh tumpek bleg ing desa
Sapa sira ora matu dadi isin
Ora lali donya iki dudu duwekmu lan duwekku
Nandur uwit kanggo nabung wektu sesuk
Ora bisa mbaleni wektu ,kaya sega dadi bubur.

Senin, 01 Februari 2016

Cariyos Pengalaman Pribadi


KLERU TIYANG KANG DERENG KENAL


         Wonten ing mriki kula badhe caryosaken babagan pangalaman ,wonten ing wektu kapungkur kula nduweni pangalaman kang ora bisa dilalekake. Nalika wektu kuwi kira-kira kadadean ing wektu Agustus .Nalika wektu kuwi kula pisanan mlebet sekolah lan kula dereng mangerteni kabeh kanca-kanca ing sekolahan. Wonten ing pangalaman menika kawiwitan kula mlebet wonten ing kelas anyar ,sabanjure kula lenggah wonten ing kursi tengah saka barisan ngarep dumugi mburi ,banjur wonten rencang anyar badhe njejeri kula ,kula banjur lenggah jejer sak meja kaliyan rencang kula kang anyar. Sawise lenggah kula banjur kenalan kaliyan jejer kula ,jejer kula niku asmanipun Ardy .sawise mangerteni jenenge kula banjur omong-omongan kaliyan Ardy, ing wektu kuwi kula gadah angen-angen ,kaya dene kula tau mriksani griyanipun Ardy lan bola-bali ketemu kaliyan Ardy. Sabanjure kula ngucapaken”Omahmu neng Kembang gedhe ta...?” Ardy banjur njawab dudu tapi griyanipun adoh amargi Ardy griyanipun saka kulon ,kula bola-bali njelasaken mbok bilih kula kerep ketemu kaliyan Ardy tapi kula dereng kenal kaliyan Ardy. Sabanjure Ardy njawab yen griyanipun dudu wonten ing mrika ,opo maneh Ardy mboten mangerteni daerah menika .Sawise niku kula kelingan mbok bilih kula salah mriksani tapi mirip kaliyan Ardy. Sawise niku kula ngakoni yen kula salah mriksani tapi mirip .Kula ngrasakaken Isin banget bilih kula sampun mboten ngandel panjelasanipun Ardy .Sawise niku kula nduweni pengetan yen mboten ngertos mboten sah ngeyel panjelasanipun saka tiyang liyane.



Senin, 18 Januari 2016

Tembang Macapat


TEMBANG MACAPAT
URUTANIPUN TEMBANG MACAPAT
Mijil
Kinanthi
Sinom
Asmarandana
Dhandanggula
Gambuh
Maskumambang
Dhurma
Pangkur
Megatruh
Pocung
MIJIL
Tatacara tarapan puniki
Saiki ra katon
Wis ra nate padha nindakake
Sejatine pamulangan suci
Pantes dileluri
Saking pra leluhur.
KINANTHI
Ginapura ing palengkung
Pepalang malibir mergi
Pager bubuk bebanjengan
Panjang tiga belah kaki
Pesagi cepuri pura
Perak mubeng ingkang margi.
SINOM
Awit pratala punika
Watake murah lan sugih
Kabeh kang tuwuh ing kisma
Taru lata sesotyadi
Pelikan warni-warni
Tanpa wilangan kehipun
Den-alap para janma
Dadya sandang miwah bukti
Parandene kisma tan ngesah ngresula.
                                                                                                                                    ASMARANDANA
Titah narima wus mesthi
Kadhang nglangsa ing rekasa
Manggih mulyakeh laline
Uwong urip arep apa
Ngupadi banda donya
Ati nlangsa eling luruh
Dhedhepe marang pangeran.
DHANDANGGULA
Bubar sholat aneng jroneg mesjid
Umat islam sami sesalaman
Ingapuran sing dosane
Lebura dina iku
Keh lupate marang sesame
Jinarag tan jinarag
Dosane linebur
Pan utamaning manungsa
Lamun saguh angapura mring sesame
Ing kono gunanira.
GAMBUH
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo.
MASKUMAMBANG

Pitung pangkat pyambak-pyambak siksanèki

inggih tundha sapta

pangkatipun ngandhap nginggil

sapangkatnya lêlampahan.
DHURMA
Buruh nyukur yen katanggor sayid gumbal
gawe malarat masthi
lamun ndomdomana 
yen jarum iku patah
nalusup marang dariji
nggawe barah
lamun wong mandhe wesi.
PANGKUR

Mingkar-mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji.
MEGATRUH
Ngawulamu kang satuhu trusing kalbu
Buktekna jujuring piker
Mantep tekun daten mlicur
Tumemen bakal nemoni
Sira bias urip onja.
POCUNG
Seneng ngisruh tanpa jiguh lan pekewuh
Dumeh lagi kwasa
Ngunthet brana dimen sugih
Nguja hawa ngerti-ngerti mlebu kala.

                                              
            MATUR NUWUN