GOTONG ROYONG NGANGKAT DESA
Dening :Panut Ardiyanto
Para warga gotong royong ngangkat desa
Aja pijar lungguh jegang sangga banda
Nyawang kadang kang sengkut tumandang
Usung dluwang dadi mandor
Tudang-tuding ,mondhar-mandhir
Ayo disengkud tumandang
Raga obah desa munggah
Dhik atak giyak-giyak nyekel seblak
Iki adul gombal-gambul ngangkat pacul
Ya anggit jingkat-jingkit maprasake arit
Aja pating slebar nyenyepet netra
Nandang gawe kinanthen ikhlasing nala
Tanpa uwuh lan plastik pating slebar
Ora gumun nalika desa dadi makmur
Kanthi guyup rukun ngangkat desa
Aja mikir babagan papan
Dadekna kagiyatan rutin ana desa
Irat-irit ,enom tua kabeh tumpek bleg
ing desa
Sapa sira ora matu dadi isin
Ora lali donya iki dudu duwekmu lan
duwekku
Nandur uwit kanggo nabung wektu sesuk
Ora bisa mbaleni wektu ,kaya sega dadi
bubur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar