Selasa, 17 Mei 2016

SESORAH


SESORAH PERPISAHAN KELAS 12

Assalamualaikum Wr. Wb.

    Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, Bapak/Ibu wali murid inkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.Saderengipun kula PANUT ARDIYANTO ingkang sampun kumowani munggel pangandikan ing acara perpisahan lan palepasan siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
    Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya perpisahan lan palepasan para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan. 
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
    Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu ngaturaken lan mangsulaken para siswa ingkang sampun katitipaken kangge sinau ing SMK N 1 Bantul.Mugi-mugi para siswa ingkang sampun mekdal saha lulus saking SMK N 1 Bantul bisa nerosaken ing sekolah/pawiyatan ingkang sak nduwure utawi langsung nyambut damel mugi-mugi saget sae lan ati kang seneng cita-citanipun kalampahan. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan  mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula PANUT ARDIYANTO tansah nyuwun samodra pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar