Jumat, 20 Mei 2016

geguritan





 Ngarit
Dening:Panut Dika Dwi Rizki


Swara jangkrik gumanti hayam
Langit peteng dadi jingga
Pratandha pratani kudu makarya
Semrawute suara emprit
Mabur ngalor-ngidul nucuk pari
           Ing mangsa udan wis teka
           Lemah-lemah padha teles
           Suket ing sawah padha njrumbul
           Kabeh lemah katutup suket kang lemu
           Srengenge wis njedhul saka sisih wetan
Para tani padha nyiapake alat kanggo ngarit
Arit-arit diasah kanthi landhep
Bagor-bagor disiapake tanpa lali
Srengenge nyloroti suket ing sawah
Suket-suket dadi ora jenes
Para tani pada ngarit ing sawah
Milih suket kang lemu lan ijo







Selasa, 17 Mei 2016

SESORAH


SESORAH PERPISAHAN KELAS 12

Assalamualaikum Wr. Wb.

    Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, Bapak/Ibu wali murid inkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.Saderengipun kula PANUT ARDIYANTO ingkang sampun kumowani munggel pangandikan ing acara perpisahan lan palepasan siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
    Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya perpisahan lan palepasan para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan. 
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
    Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu ngaturaken lan mangsulaken para siswa ingkang sampun katitipaken kangge sinau ing SMK N 1 Bantul.Mugi-mugi para siswa ingkang sampun mekdal saha lulus saking SMK N 1 Bantul bisa nerosaken ing sekolah/pawiyatan ingkang sak nduwure utawi langsung nyambut damel mugi-mugi saget sae lan ati kang seneng cita-citanipun kalampahan. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa kelas 12 SMK N 1 Bantul.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan  mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula PANUT ARDIYANTO tansah nyuwun samodra pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

GEGURITAN


GOTONG ROYONG NGANGKAT DESA
Dening :Panut Ardiyanto


Para warga gotong royong ngangkat desa
Aja pijar lungguh jegang sangga banda
Nyawang kadang kang sengkut tumandang
Usung dluwang dadi mandor
Tudang-tuding ,mondhar-mandhir
            Ayo disengkud tumandang
            Raga obah desa munggah
            Dhik atak giyak-giyak nyekel seblak
            Iki adul gombal-gambul ngangkat pacul
            Ya anggit jingkat-jingkit maprasake arit
            Aja pating slebar nyenyepet netra
            Nandang gawe kinanthen ikhlasing nala
            Tanpa uwuh lan plastik pating slebar
            Ora gumun nalika desa dadi makmur
Kanthi guyup rukun ngangkat desa
Aja mikir babagan papan
Dadekna kagiyatan rutin ana desa
Irat-irit ,enom tua kabeh tumpek bleg ing desa
Sapa sira ora matu dadi isin
Ora lali donya iki dudu duwekmu lan duwekku
Nandur uwit kanggo nabung wektu sesuk
Ora bisa mbaleni wektu ,kaya sega dadi bubur.